Jumat, 21 Agustus 2009

Sugeng Siam

Ass.WW. Rasaning tyas arso sowan..Kasrimpet cupeting wanci..Ngancik Ramadhan puniko.. Nyuwun gunging samodra pangaksami.. Mugi berkahing Widhi kang Murbeng Dumadi.. Rumentah ndiko sadarum.. Raharjo kang pinanggih.. Hanetepi dhawuh suci.. Sesarengan ......siam Ramadhan kang mulyo.. SINEKAR ING PUPUN SINOM LAN DANDANGGULA KULA RATMAYA URIP NYADHONG GUNGING SAMODRA PANGAKSAMI DUMATENG PANJENENGAN SAMI.. Sugeng hangayahi jejibahan suci Siam Ramadhan. Nuwun.
Allahumma bariklana fi syahri rajab wa sya'ban wa ballighna ramadhan, marhaban ya ramadhan. Syukron kasiroh. Wass. WW.