Senin, 26 Desember 2011

Geguritan Ratmaya Urip



Kapang (2)

(Geguritan: Ratmaya Urip)


Rosaning rasa kapangku
Kang tanpa nduweni pungkasaning wektu
Tansah mijil nglangkahi jejering kalbu
Mbludag ngebaki tresna kang tan kendat tansah lumaku
Sak indenging wektu
Sak entekeing ambeganku kang tansah mbludag ginawa tuhu
Karengkuh ing pawana lan bayu
Kairing paksi kang tansah telaten memayu
Tumrap jatining rasa ati kang tanpa watesing laku

Rasa kapang mring sliramu
Marang esem kang ngujiwat lan guyu kang lumayu
Uga kapang marang warpamu kang ora nduweni buntu
Tansah memayu hayuning tunggu
Senadyan ora ngerti kapan isa ketemu

Aku nyenyuwun muga kapangku enggal sirna
Binareng blegering sunyata
Lumantar pisahing raga marga pada-pada karengkuh sisihan kang beda
Kairing banjiring kuciwa lan udaning waspa lumebering bantala
Binareng pupusing warta kang luwih saka sawetara
Ananging kapang iki tansah adoh ing pungkasan lan tansah cedak ing purwaka

Sidoarjo, Senin, 26 Desember 2011

Tidak ada komentar: