Sabtu, 16 Februari 2013

KAPAN PARA DURJANA KUWI BISA SIRNA


KAPAN PARA DURJANA KUWI BISA SIRNA
Geguritan Gendheng dening: Ratmaya Urip*)

Pertiwi nandang sungkawa
nDeleng polah tingkahe para durjana
Kang nganggo topeng panguasa
Tansah ngrampok donyaning negara
Tanpa kendhat nglanggengake tindak angkara
nDeder kesrakate lan wirange bangsa


Sapa ta sing ora murka
nDeleng tingkahe para panguasa
Kang tanpa leren cidra ing janji
Janji bisa makmurke tlatah sak indenging pertiwi
Nalika kampanye wingi
Nanging malah tan kendat nindakake korupsi
Tanpa nduweni ati

Kapan para durjana iku bisa sirna?

----------------
Pasar Minggu, 17 Pebruari 2013

Tidak ada komentar: