Minggu, 02 Juni 2013


KAPANG (Kangen)- (1)
Geguritan: Ratmaya Urip

Lingsir wengi 
Netra iki tan bisa kuwagang kasirep ing pawana
Uga tan ilang amarga nyenyeting bawana
Apa maneh sunaring candra lagi wae purwaka
Malah saka telenging netra ndhedher waspa
Amarga blegermu angel sirna
Tansah mijil ing angenku
Nandur esem ngujuwatmu
Kapang mring tresnamu kang nate ngrembuyung ngebaki jaja
Apa ya kapangku iki kapangmu uga?

-----
Tebet Raya, lingsir wengi Sabtu, 16-02-2013 01:38

=============


KAPANG-Kangen (2)
Geguritan: Ratmaya Urip

Yayi,

Rina-rina trusing ratri kang wus lumampah tedhak ing yuswa
Tan ana kang kuwagang nglengserake blegering rasa
Kang saya ngrembuyung lan nyengkuyung rasa kapang kang nyata
Kang angel banget ilang saka jroning jaja
Kang ora nate leren amarga tansah ngugemi sejatining tresna
Tanpa sadumuk lirwa

Prasasti kang nate kawedar lan kadeder duk ing nguni
Tansah paring penget lan tansah bali
Nyurung krenteging ati
Mring rasa kang kebak aji tanpa risi
Kepengin njumbuhake kapang iki
Kang saya gemrojok ngebaki punagi

Sidoarjo, Senin, 26 Desember 2011 09:57

===============

KAPANG-Kangen (3)
Geguritan: Ratmaya Urip

Rosaning rasa kapangku
Kang tanpa nduweni pungkasaning wektu
Tansah mijil nglangkahi jejering kalbu
Mbludag ngebaki tresna kang tan kendat tansah lumaku
Sak indenging wektu
Sak entek-ing ambeganku kang tansah mbludag ginawa tuhu
Karengkuh ing pawana lan bayu
Kairing paksi kang tansah telaten memayu
Tumrap jatining rasa ati kang tanpa watesing laku

Rasa kapang mring sliramu
Marang esem kang ngujiwat lan guyu kang lumayu
Uga kapang marang waspamu kang ora nduweni buntu
Tansah memayu hayuning tunggu
Senadyan ora ngerti kapan isa ketemu

Aku nyenyuwun muga kapangku enggal sirna
Binareng blegering sunyata
Lumantar pisahing raga marga pada-pada karengkuh sisihan kang beda
Kairing banjiring kuciwa lan udaning waspa lumebering bantala
Binareng pupusing warta kang luwih saka sawetara
Ananging kapang iki tansah adoh ing pungkasan lan tansah cedhak ing purwaka

Sidoarjo, Senin, 26 Desember 2011

===============

Tidak ada komentar: