Minggu, 02 Juni 2013


KRODANING PUNAGI KANG NGEBAKI ATI
Geguritan: Ratmaya Urip

Tan kinira yen blegermu mijil ing punagi
Ing tengah wengi wingi kuwi
Sawise sawetara wanci tansah sepi
Amarga ati iki wis mati
Uga wis ora ana kembang lathi
Apa maneh nyimpen prasasti
Kabeh wartamu wis kasaput rina lan wengi


Nanging blegermu kang dumadakan ngawe-awe jroning punagi
Mijilake goreh kang gumrojog ngebaki ati
Ngelingake mring waspamu kang tumetes mbanyu mili
Nalika tresnaku ora bisa bali
Lan uga kapangku wis jumangkah tumuju lali

Apa ya tresnaku kudu bali?
Lan kapangku mijil maneh kacandet tali?
Apa ya bisa maneh nyawiji?
Kaya duk ing nguni?

Punagi wingi kuwi tak akoni wis ngundang krodaning ati
Mbalela nggugu ugeming prasasti
Kapang mring pasih jaler pawestri
Manjing jroning tresna sejati
Kang wis nate kadeder duk ing nguni
Kang nyatane ora duwe mati

Apa ya punagiku wingi punagimu uga, yayi?

============
Kelapa Tiga, Duren Sawit, Jakarta Timur, 14 Mei 2013 jam 00:47

Tidak ada komentar: