Sabtu, 21 Desember 2019

Geguritan kanggo mahargya RINA-ning BIYUNG, 22 Desember
(Puisi untuk memeringati HARI IBU, 22 Desember)

Kanthi sulih Basa Indonesia
(Dengan terjemahan Bahasa Indonesia)

=============== ==


Ilustrasi Musik: 
ALFIAN dengan tembang lawas: KASIH IBU (Thn 60-an)

BIYUNG

Gurit Alit: Ratmaya Urip

Biyung,
Ing garbamu aku nate ngrasakake angeting katresnanmu
Uga adheming panggulawenthahmu
Kang tanpa upama nglejarake langkahku tumuju ing karaharjan tanpa ninggalake paugeran lan kasusilan
Ing waspamu kang nyimpen luhuring bebana aku kaajap bisa dadi jalma kang utama
Tansah ing dalaning Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi

Aku kapang, Biyung
Marang pangajapmu kang ora nate kendhat paring pandonga kanggo jembar lan lancare langkah-langkahku
----------------



Terjemahan Bebas Bahasa Indonesia:

IBU

Puisi Kecik: Ratmaya Urip

Ibu,
Di rahimmu aku pernah menikmati hangatnya cintamu
Juga teduhnya nasehatmu
Yang tanpa lelah melapangkan langkahku menuju kesejahteraan dan kebahagiaaan tanpa meninggalkan jalan yang lurus dan kesusilaan
Di hangatnya air matamu yang menyimpan luhurnya keinginan untuk aku dapat menjadi manusia yang utama dan sempurna
Selalu di jalan Allah Yang Maha Kuasa

Aku rindu, Ibu...
Rindu pada keinginanmu yang tak pernah lekang tuk selalu berdoa bagi lapang dan lancarnya langkah-langkahku

------------ --
Sidoarjo, 22 Desember 2011


Tidak ada komentar: