Jumat, 03 Mei 2019

Ramadhan wis meh prapta
Kapang ing tedhakmu
Gurit iki kanggomu

(Ramadhan hampir tiba
Kangen pada kehadiranmu
Puisi ini buatmu)
=========== ===


RAMADHAN
Geguritan: Ratmaya Urip


Ramadhan
Ing lawangmu aku asung uluk
Ing langkahku aku argya kebak ing khusyuk
Karana mring rina ing candramu kang suci aku tansah pengin anggayuh kanti saur manuk
Mring marganing Illahi kang sejati supaya ora kebenthuk
Kanggo nyingkirake lan nyuwek dosa-dosa kang tan kendhat nggoda kanti rosa
Supaya aku isa anggayuh ganjaran-MU nganti muncuk


Nalika sajadah ginelar lan bathuk ginathuk jroning donga mring ngarsa-MU
Ing wajibe sholat fardlu
Uga ing sujud taraweh Ramadhan kang ora nate kendhat nyingkirake lan nyebratake dosa-dosa
Jroning pandonga kang anggetak laknat sing kepengin cedhak lan tansah nggawa duraka
Aku pasrah jroning taqwa
Kanggo marga kang tansah lempeng
Tumuju ing sejatine marga Illahi kang lestari
Ing margaMU

-------------------------
Terjemahan Bebas Bahasa Indonesia:


RAMADHAN
Oleh: Ratmaya Urip


Ramadhan
Di pintumu aku selalu ingin mengetuk
Di langkahku aku berderap hormat penuh khusyuk
Karena 'tuk hari di bulanmu yang suci aku selalu ingin menangguk masyuk
Pada jalan Illahi yang hakiki supaya tidak terantuk
Tuk mencabik dan merobek dosa-dosa yang selalu menggoda dalam hiruk
Supaya aku dapat menangguk pahala-MU dalam pikuk


Ketika sajadah membentang dan dahi menyentuhmu dalam doa untuk-MU
Dalam wajibnya sholat fardlu
Dan dalam sujud tarawih Ramadhan yang tak henti melibas dan merungkas dosa-dosa
Dalam doa-doa yang menghardik segala laknat yang ingin lekat dan selalu mengusung khianat
Aku pasrah dalam taqwa
Tuk jalan lurus penuh seluruh
Pada surgawi yang hakiki dan abadi
Di JalanMU
 
------------------------- --

Tidak ada komentar: