Sabtu, 18 Mei 2019

Roncen Gurit Wuyung (Rangkaian Puisi Romansa)

RONCEN GURIT WUYUNG
(Parade Puisi Romansa)

Anggitane (Buah Karya) : Ratmaya Urip


 
================= ==

Gurit-1

Kampus Biru, Kampus ing Sikiling Arga Merapi
Gurit Anggitane: Ratmaya Urip*)


 
Lumaku ing latar-mu
In selaning cemara kang jejer pideksa senadyan wus ngandhut yuswa
Ing adheming suket ijo royo-royo mangsa rendheng iki
Angenku mabur ing mangsa kang wis lunga
Menclok ing esemmu
Kang tansah lumayu kebak purnama
Mlayoni jejering tresna

Godhong cemara garing
Kang mabur katerak bayu
Lan tanpa kinira tedhak ing netramu
Lan aku mesti ndamu supaya lejar ing paningalmu
Senajan mijilake waspamu
Tansah gamblang ngebaki punagi
Rina lan wengi
Tan kendhat tansah memayu hayuning tresna
Karana blegermu angel banget ninggalake wektu
Tresna purwaka kang mijil ing tlatah Kampus Biru
Kampus ing sikiling Arga Merapi






========= ==

Gurit-2:

Gerimis Lingsir Wengi
Gurit Anggitane: Ratmaya Urip


Nyenyeting lingsir wengi lan adheming pawana kang rumasuk ing jaja
Uga udan gerimis kang tan ana kendhate ngileni bantala
Ngundang gerimise waspa
Kang tumetes mbleber ing netra
Bukti yen ati iki ora bisa ngapusi
Yen tanpa sliramu ing sisihanku iki
Kabeh kebak rasa sepi
Mijilake prasasti duk ing nguni
Tanpa bisa kalarung malah tansah ngebaki punagi
Rina lan wengi kang tansah tedhak
Amarga nglakoni jejering tindak
Tansah goreh amarga ora bisa cedhak

Kapan kapang iki bisa karukti
Amarga sepi iki wis ora kanti
Nunggu tedhaking blegermu ing tlatahing yekti
Ora mung ngoyak-oyak punagi
Amarga ati iki wis ora sabar nunggu lempenging rasa jati
Lejaring rasa bisa nyawiji ing janji





============== ==

GURIT - 3

Punagi
Gurit Anggitane: Ratmaya Urip*)


Kepengin aku rasane nandur pawana ing biruning angkasa
Supaya mendhung kang peteng isa kasirna
Saengga sunaring surya isa suminar jroning prapta
Nglirwakake sungkawa sing wis njajah rasa lan nyuwek rina

Kepengin aku rasane panen punagi
Kanggo sangu napak ing rina lan wengi
Supaya isa nata ati
Lan mawas ajining diri

Kepengin aku rasane methik kapang kang tansah lumayu
Kanggo wektu kang wis lan bakal lumaku
Kang tansah nunggu
Nunggu praptane wohing karep lan angenku



================= ==

GURIT - 4

KAPANG (1)
Geguritan: Ratmaya Urip


Rosaning rasa kapangku
Kang tanpa nduweni pungkasaning wektu
Tansah mijil nglangkahi jejering kalbu
Mbludag ngebaki tresna kang tan kendhat tansah lumaku
Sak indhenging wektu
Sak enteking ambeganku kang tansah mbludag ginawa tuhu
Karengkuh ing pawana lan bayu
Kairing paksi kang tansah telaten memayu
Tumrap jatining rasa ati kang tanpa watesing laku


Rasa kapang mring sliramu
Marang esem kang ngujiwat lan guyu kang tansah lumayu
Uga kapang marang waspamu kang ora nduweni buntu
Tansah memayu hayuning tunggu
Senadyan ora ngerti kapan isa ketemu

Aku nyenyuwun muga kapangku enggal sirna
Binareng blegering sunyata
Lumantar pisahing raga marga padha-padha karengkuh sisihan kang beda
Kairing banjiring kuciwa lan udaning waspa lumebering bantala
Binareng pupusing warta kang luwih saka sawetara
Ananging kapang iki tansah adoh ing pungkasan lan tansah cedhak ing purwaka


 

============== ==

GURIT - 5

KAPANG (2)
Geguritan: Ratmaya Urip


Yayi,

Rina-rina trusing ratri kang wus lumampah tedhak ing yuswa
Tan ana kang kuwagang nglengserake blegering rasa
Kang saya ngrembuyung lan nyengkuyung rasa kapang kang nyata
Kang angel banget ilang saka jroning jaja
Kang ora nate leren amarga tansah ngugemi sejatining tresna
Tanpa sadumuk lirwa

Prasasti kang nate kawedhar lan kadhedher dhuk ing nguni
Tansah paring penget lan tansah bali
Nyurung krenteging ati
Mring rasa kang kebak aji tanpa risi
Kepengin njumbuhake kapang iki
Kang saya gemrojok ngebaki punagi
Karana sliramu pancen angel ninggalake wengi lan wingi
Tansah nganggit kapang ing telenging ati




================ ==

GURIT - 6

KAPANG (3)
Geguritan: Ratmaya Urip


Lingsir wengi
Netra iki tan isa kuwagang kasirep ing pawana
Uga tan ilang amarga nyenyeting bawana
Apa maneh sunaring candra lagi wae purwaka
Malah saka telenging netra ndhedher waspa
Amarga blegermu angel sirna
Tansah mijil ing angenku
Nandur esem ngujiwatmu
Kapang mring tresnamu kang nate ngrembuyung ngebaki jaja

Apa ya kapangku iki kapangmu uga?


 
============== ==

Gurit-7

Ngayogyakarta
Gurit Anggitane: Ratmaya Urip


Nalika Ngayogya prapta ing atiku
Kapang iki tansah tinandur ngebaki wektu
Klayu mring jatining rasa lan njumbuhake tekadku
Ngajak pasih mring prasasti
Kang lirwa ing tuhuning sunyata kang wus sirna
Amarga sliramu pancen angel ninggalake wektu
Lan kapang iki nyatane ora nate lirwa ing sepi
Kapang mring kuthamu




=================

Catetan:
Kabeh gurit ing ndhuwur kaanggit ing warsa 2009 – 2015
Kapundhut saka Roncean Gurit Ratmaya Urip (216 Gurit saka 1997-2016)


Tidak ada komentar: